Kamis, 09 Juni 2016

Puisi Dan Sastra Indonesia



Sang Patriot Bangsa
Tatkala hari berganti
Menggelarkan cinta suci dipagi hari
Kau teteskan kesejukan dalam jiwa ini
Kau berikan penerangan dalam kegelapan kami
Kau tuntun kami
Mengenali kehidupan ini
Tentang alam,gambar,dan semuanya yang berarti
Hadirmu.....
Kini membakar semangatku
Hingga aku bangkit dari tidurku
Kau yang telah menasehatiku tentang ilmu
 Kini dari ketidakmampuaku
Menjadi cita-citaku
Kau sandarkan berjuta harapan
Yang begitu berkilau di masa depan
Dari butir-butir emas yang begitu mulia
Kau suguhkan ketulusan jiwa dan raga
Tanpa kau harapkan balas jasa
Engkaulah sang patriot bangsa

Kamis, 02 Juni 2016

Geguritan Karanganyar



“Karanganyarku kang Tentrem”


Kathon endahing bumiku kang edi peni
Tlatah subur bumi intan pari
Tlatah makmur kang tansah nentremke ati
Kang dadi takjub mring kawigatening para priyayi

                   Iki bumiku kang tansah misuwur
                   Bumi kang tansah subur
                   Bumi kang tansah makmur
                   Bumi kang kawulane mbebudi luhur

Yo iki bumiku....
Bumi ing ngendi aku mlaku
Bumi ing ngendhi aku melu
Srawung lan awor para sadulurku

                    Yo iki bumiku....
Bumi Karanganyarku kang ayem
Bumi karanganyarku kang tentrem

Geguritan Rama



Rama Kang dak Tresna


Saking teteseng luh kang suci

Wus busak ilining wektu

Ing tengahing sepi kang dak rasakne

Awit rasa kengen kang sansaya nggubet

Ing sajroning manah kang sansaya kaku

Ing ngendi meneh aku kudu nggoleki

Tumrap sakabehing angen-angen kang karepi

Awit geguyonan kang tansah katon bungah

Ing sajroning sejarah kang kebak katersnan

Tanpa ananing sliramu

Wus dakrasakne kepriye kurange uripku

Tanpa ananing esemmu

Wus dakrasakne kepriye sepining urip

Rama ....

Ing wayahe sepi kang tansah ngluruhi

Aku donga nyuwun marang Gusti

Minangka wus tumeka wayahe

Aku bisa nemoni

Intonasi Geguritan Jaman Kalabendu




//Jaman Kalabendu//


Duking uni  Ki Ranggawarsita/ wus paring jangka laku//
Ing mbesuk /bakal nemoni jaman kalabendu//
Wong-wong padha ngedan/ mbeburu nepsu/
Jagad  bakal dadi sungsang bawane balik/
Wong-wong padha lena/ hanggendhong melik/
Pranatan/ dhatan karuan/ bisa den wolak-walik//

Jaman kalabendu/ wus lumaku//

Para pangarsa pangembating praja/ pamonge kawula
Tan bisa tinuladha/ amung mentingake butuhe priyangga//
Mbujung cukup golek kurup/ wekasan banjur korup//
Para wakiling kawula sing jarene kinurmat/
Malah padha kianat/ lali menawa ngemban amanat/
Minangka srana merjuangake aspirasine rakyat//

Wong kang dipracaya njejegake adil lan bebener/
Keblate wus minger/ nalare padha keblinger//
Dol tinuku prakara/ malah kinarya boga sumber//

Tingkah polahe para kawula/ uga wus ora lumrah/
Guyub rukun datan usum / musawarah datan kaprah/
Bab kang sepele/ bisa dadi congkrah/ bebrayan dadi bubrah//

Jaman kalabendu/ terus lumaku//
Mbesuk/kapan sirepe tan kasabda/
Sang pujangga
Amung paring pepeling/ sing padha eling lan waspada//
Amrih tebih ing godha rencana/ kalis ing sambekala//
Sakbeja-bejane wong lali mana/
Isih beja wong kang eling lan waspada//
Sapa salah bakale seleh/ sapa temen
bakal ketrima//