Kamis, 02 Juni 2016

Geguritan Karanganyar



“Karanganyarku kang Tentrem”


Kathon endahing bumiku kang edi peni
Tlatah subur bumi intan pari
Tlatah makmur kang tansah nentremke ati
Kang dadi takjub mring kawigatening para priyayi

                   Iki bumiku kang tansah misuwur
                   Bumi kang tansah subur
                   Bumi kang tansah makmur
                   Bumi kang kawulane mbebudi luhur

Yo iki bumiku....
Bumi ing ngendi aku mlaku
Bumi ing ngendhi aku melu
Srawung lan awor para sadulurku

                    Yo iki bumiku....
Bumi Karanganyarku kang ayem
Bumi karanganyarku kang tentrem

Tidak ada komentar:

Posting Komentar