Kamis, 02 Juni 2016

Intonasi Geguritan Jaman Kalabendu




//Jaman Kalabendu//


Duking uni  Ki Ranggawarsita/ wus paring jangka laku//
Ing mbesuk /bakal nemoni jaman kalabendu//
Wong-wong padha ngedan/ mbeburu nepsu/
Jagad  bakal dadi sungsang bawane balik/
Wong-wong padha lena/ hanggendhong melik/
Pranatan/ dhatan karuan/ bisa den wolak-walik//

Jaman kalabendu/ wus lumaku//

Para pangarsa pangembating praja/ pamonge kawula
Tan bisa tinuladha/ amung mentingake butuhe priyangga//
Mbujung cukup golek kurup/ wekasan banjur korup//
Para wakiling kawula sing jarene kinurmat/
Malah padha kianat/ lali menawa ngemban amanat/
Minangka srana merjuangake aspirasine rakyat//

Wong kang dipracaya njejegake adil lan bebener/
Keblate wus minger/ nalare padha keblinger//
Dol tinuku prakara/ malah kinarya boga sumber//

Tingkah polahe para kawula/ uga wus ora lumrah/
Guyub rukun datan usum / musawarah datan kaprah/
Bab kang sepele/ bisa dadi congkrah/ bebrayan dadi bubrah//

Jaman kalabendu/ terus lumaku//
Mbesuk/kapan sirepe tan kasabda/
Sang pujangga
Amung paring pepeling/ sing padha eling lan waspada//
Amrih tebih ing godha rencana/ kalis ing sambekala//
Sakbeja-bejane wong lali mana/
Isih beja wong kang eling lan waspada//
Sapa salah bakale seleh/ sapa temen
bakal ketrima//

Tidak ada komentar:

Posting Komentar